berita terkini

Minggu, 01 Februari 2009

CERITA BAHASA JAWA

Aji Saka

Rikala semana,Kraton Medang Kamulan nduweni raja watak angkara lan senengane mangan jalma manungsa.Raja iku arane Prabu Dewata Cengkar.Saben dina njaluk jatah manungsa siji saka pathihe,Patih Jugul Muda.Mula akeh warga kang lunga ngungsigolek slamet.

Ana ing sawijiningdina,ana nom-noman saka Dusun Medang Kawit aran Aji Saka kang nulungi pawongan tuwa sing di begal.Wong tuwa kang lagi ngungsi ing Dusun Medang Kawit iku banjur nyritakake babagan Prabu Dewata Cengkar.

Aji Saka muntab ngerti watak angkarane Prabu Dewata Cengkar.Dheweke banjur nemoni Prabu Dewata Cengkar.Amung kanthi serban sing kaiket ing sirahe,Aji Saka nyepetake laku.

Ananging lakune pinuju Kraton Medhang Kamulan ora gampang.Ana sak tengahing wana,Aji Saka di cegat dening Demit sing mbaureksa alas.Pitung dina pitung mbengi Aji Saka perang tanding lawan samburane geni si Demit.Jalaran Aji Saka ora gelem nyarujuki panjaluke Demit kang kepingin ndadekake Aji Saka dadi andine.Kanthi nenuwun marang Gusti,Aji Saka antuk kasekten bisa ngalahke Demit.

Tekan Medang Kamulan,kraton katon sepi.Prabu Dewata Cengkar nembe duka yayah sinipi marang patihe.Patih Jugul Muda ora bisa ngaturke korban kanggo kang prabu.Aji Saka banjur ngadep ing ngarsane sang prabu.Aji Saka nawakake awake kanggo daharan sang prabu angger dikabulke panjaluke.Tanpa mikir dawa,Prabu Dewata Cengkar,nyarujuki apa bae kang dijaluk dening Aji Saka waton deweke gelem dadi dhaharane.Aji Saka banjur ngaturke pepinginane,yaiku njaluk siti ing pinggir segara sak amban serban sing di anggo.

Teka dinane Aji Saka derekake sang Prabu ngukur siti(lemah) ing pinggir segara.Aji Saka nguculi serbane.Sawetara wektu,nalikane ngukur siti,serban sing dicekeli Prabu Dewata Cengkar dawane ora entek.Malah kepara ambane ngluwihi kratone.Sang Prabu dadi murka.Kepara Aji Saka kanthi serban mau,banjur ngipatake awake prabu nganthi oncat menyang segara.

Sabanjure,Aji Saka didadekake dening kawula Medang Kamulan dadi raja.Aji Saka dadi raja kang adil lan ngayomi rakyate.Mulane banget ditresnani dening rakyate.



Larang Pangan

Sawise Jakarta ketaman banjir sing suwene luwih saka seminggu,sector ekonomi,klebu dhistribusi beras ing pusat rada keganggu.Jakarta sawise banjir bisa diarani kutha mati kanggo dedagang. Ing babagan beras,Jakarta luwih akeh nekakake beras-beras saka dhaerah liya,klebu saka Jawa Barat lan Jawa Tengah.Kamangka dhaerah-dhaerah kasebut dewe ing wektu kuwi akeh sing durung panen,malah kepara isih akeh sing durung entuk udan kang cukup.Dadi amngsa tandur melu mundur.Dene sing bacut ketandur,akeh sing padha mati amarga kurang banyu.Kajaba kuwi mesthi uga ana unsure politike bakul-bakul beras dhewe supaya rega beras larang.Kanthi akehing musabab iku mau cetha banget yen rega beras tansaya larang.Kanthi akehing musabab nem ewu kanggo beras kang mutune sedhengan kayata C-4 utawa IR 64.

Kanthi larange beras,cetha ndadekake rakyat tansaya mlarat.Warga masarakat saka pirang-pirang kutha wis akeh sing padha mangan sega aking,thiwul,sega jagung,utawa tela.Kepeksane mangan koyo mangkono amargo pancen ora kuwat tuku beras sing regane tansaya nekak gulu.Biyen,negara sing kondhang minangka negara agraris,negara pertanian,malah bisa ngekspor beras marang negara manca,saiki ora nduweni daya apa-apa ngurusi rakyate dhewe.

Nalikane negara kekurangan pangan,pamarintah ngantisipati kanthi nekakake beras impor.Mesthi bae tumindhak kang kaya mangkene iki supayane pasediyane beras ing Indonesia cukup lan bisa kanggo stok utawa tandhon nasional.Saliyane iki,ora lali pamarintah uga nganakake operasi pasar kanthi pangangkah supaya rega beras bisa mudhun.Nanging cara kang pungkasan iki durung akeh pangaribawane ,jalaran anggone bukak dhasaran operasi pasar kang katindakake dening Bulog luwih akeh ing pasar-pasar tinimbang ing kampung – kampung.Kamangka yen sing ado ling pasar-pasar,cetha sing tuku mesthi pra bakul sing nduweni modal luwih akeh.Yen wis ngono rega beras angel mudhune.


Mudhik Riyaya

Wis dadi padatane4 wong Jawa sing ana paran,yen dina riyaya padha mudhik.Suwe ora ketemu wong tuwa,sanak kadang,lan mitra.Dadi tuwuh rasa kangen.Apa maneh yen rasa kangen kuwi mesthi tuwung ing atine wong sing wis suwe ninggalake bale wisma golek rejeki ing paran.Mokal,setaun sepisan bae ora bisa tilik wong tuwa,sanak sadang,lan mitra.Mula senajan jejel riyel ing kendharaan,utawa mace ting saben dalan tetep dilakoni.

Senajan wis ana telepon utawa HP,nanging ora marem yen ora bisa sungkem marang wong tuwa.Amarga wis akeh dosa marang panjenengane.Akeh anak sing kerep kumawani nglirwakake dhawuhe wong tuwa.padha-padha lelungan,mudhik dudu lelungan biasa.Niyat lan swasanane beda.Niyat sing utama yaiku sungkem lan silaturahmi.Wong ora mudhik ngrasakake,kaya-kaya ana sing ilang.Ilang wektune kanggo nyuwun ngapura lan nglebur dosa.Masarakat wis kadhung duwe pangganggep mungguhing lebaran iku ngono kuwi.Wiwit kuna makuna Riyaya dadi wektu sing becik kanggo sungkem marang wong tuwa lan silaturrahmi apura-ing-apura.para pini sepuh,ulama,lan para winasis mulangake koyo ngono.

Sungkem marang wong tuwa lan silaturahmi iku uga bisa dirasakke kayadene rekreasi,ngilangake sumpeking ati lan rasa sayah merga golek sandhang pangan ing paran.Mulane mudhik ora mung dadi adapt tradisi nagging uga banjur kaya dadi wajib.Pantes bae yen wusanane tradisi mudhik dadi lestari lan ora wedi kangelan ing dalan.Wong-wong rila uyel-uyelan ing bis,ing sepur,ing kapal,padha rerebut golek panggonan lan lungguhan banjur sok-sok lali mikirake bebayane.


Share:

0 komentar:

Posting Komentar

Arsip Blog

Unordered List

Support